Langsung ke konten utama

Sambunge Tradisi Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SAMBUNGE TRADISI JOWO
Monggo tresno budoyo
Budoyo jowo linangkung utomo
Utomoning kinaweruhan cetho
Welo welo ing sirnoing grahono
Hoo kabeh wong jowo njawontoho
Anoto aniti dumadiyo kertoraharjo
Klawan nguri nguri tinggalaning leluhur niro
Hiyo jawoto nukating tanah jowo
Awit boso kaweruh ugo budoyo
Ingkang lugu yektine racuten
Rucaten yekti ingkang awor wuwulan
Mulo tanggapo ing kabeh sasmito
Sasmitoning pralambang weninge sunyo.

RUWATAN
Yoiku tradisi jowo mbuwang sengkolo
sengkolo iku arupo apes, dene apes iku maneko werno
awit loro loronen, keno ciloko, gagal usaha lan liyo liyone kabeh
kaapesan kaapesan iku ora nylarase pamikire angen angen
hiyo macem.maceme sing ora ngepenakake
wong sing akeh banget apese iku perlu diruwat
dene sayektine kang rinuwat iku ciptone
ruwatan iku ora nganggo dungo dungo ugo jampa jampi
dibisao ngruwat awake dewe, yen ora biso mestine rinuwat dening wong liyo sing biso..
dene bisane uwong liyo ngruwat iku yen deweke ora nandang sengkolo
ateges ora patut diruwat, yen podo podo patut diruwat hiyo mesti bae ora biso nguwat..
NGRUWAT
Yoiku nganggo siraman banyu kembang : banyune sumber (sumur), kembange mawar abang..
disiramno koyo ngedusi bocah cilik..
Ing wayah isuk, nalikane srengenge durung panas sorote…

SUNGKEMAN
Yoiku tradisi jowo ngambung lutute wong tuwo
tegese wong tuwo iku sing ngrumat siro awit laer/bayi
yoiku ibu lan bopo.....
sungkem kae soko tembung 'sengkem' kang ateges dengkol/lutut
iku budayane jowo sing dilakoni ono ing rong mongso
siji ; mongso ketemu
loro ; mongso lungo
nalikane suwe ora ketemu, yen ketemu sungkem
nalikane sabendino ketemu, yen lungo sungkem
hiyo koyo mangkono iku patrape wong jowo nalikane lungo teko
yen siro lanang ngambungo lutut sing tengen
yen siro wadon ngambungo lutut sing kiwo
dudu salim ora salaman ora sujud ora ngambung sikil, ananging sungkem.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Jangkepe Jowo Jiwoku

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE JOWO JIWOKU Nunggal laras sesambungane doyo Rasuk rinasuk seksen sineksenan Nunggal jagad sesambungane urip Weruh wineruhan paseduluran Hiyo sedulur tunggal ibu ..sedulur tunggal moho ibu ..sedulur tunggal sang ibu SEDULURAN Rogo klawan rogo liyane iku seduluran..iki ora ngomongno bangsane manungso nanging seduluran bongso rogo Awit sato gegremetan sato galak iku yo nggowo rogo nyandang rogo Jiwo jowo iku nganggep kabeh bongso sato iku sedulure dewe Olehe nganggep yo kyo nganggep dulur ing tunggal wong tuwo Ora mung dianggep hama ugo ingon ingon kanggo pepanganan Nanging yo ora agawe cidro koyo olehe ora gelem nyidrani dulure tunggal wong tuwo Mulane leluhur niro iku biso serawungan marang bongso sato opo bae ugo biso ngerti bosone bongso sato Nalikane wus weruh wineruhan ateges iku ws sesambungan Anane biso sesambungan iku amargo ono tunggal pepadhan Rogo klawan rogo Sukmo klawan sukmo Badan klawan badan Nyowo klawan nyowo Jiwo klawan jiwo Nungg...

Tepo Saliro

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Tansah Wales Winales... . . Mulane kudu nyingkreh saking pikiran lan tumandang kang ora arep wewalese, yoiku kang diarani tepo saliro. Ateges : yen arep opo opo sing bakal tumanduk marang wong liyo, nari ing awake dewe dhisik, gelem nompo opo ora marang panyengguh utawa rerasan utawa solah bawa koyo kang dadi krentege ati iku. yen awake dewe ora arep, kabeh mau ora perlu ditujokake ing awaking liyan. awit tekan rasaning ati pisan ya kudu diwurungno (ilangno), senajan unineng ati iku ora katon ing lair, ananging getering ati kang isih duwe panyengguh opo opo marang liyan iku biso tinampan dening atine si liyan. tepo saliro kae laku kang baku dewe kanggone wong sesrawungan karo wong liyo ugo kewan. wong biso nglakoni mangkono, wus aran wong becik, wong bejo, ora bakal nemu olo soko sapadhaning urip. Laku tepo saliro iku pencare akeh. yen wong nyangking bantelan abot, mongko ono kang anggawakake, ati rasane lego..yen wong tuwo teko nyangking barang, mest...

Tradisi Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI TRADISI JOWO Punden - Pepunden - Dhanyang - Si mbahurekso Tradisi iku kebiasaan sing wus turun temurun ning tanah jowo ono tradisi pundenan ugo dhanyangan biasae kaaran bersih deso Saben daerah utowo wilayah iku mesti ono sing miwiti manggoni yoiku sing mbabat alas, kaaran sesepuh dudu uwong sing dituwekno, nanging wong sing kawitan manggon ning kunu nalikane sesepuh kae tilar donya, papan omahe disebut punden, njur wangkene ditunu, dilawu ning kunu lan digaweno reco ning duwure, kaaran punden berundak kanggo ngelingi ; ikiloh pepundene ; sing mbabat ; sing dadi sesepuh mulo ono ritual pundenan, yo nyebar kembang setaman gae simbol kasempurnaan.. Si mbahurekso arane, hiyo mbahe sing njogo sawijining papan, simbah mau saiki kaaran dhanyang wiwit anane seratan sabdopalon noyogenggong ; 'aku iki ratuning dhanyang tanah jowo' si mbahurekso iku dumadi sing durung jalmo.. mangkene ; nalikane rogo tuwo njur rusak, mung suksmo, badan, nyowoe ora rusak, ...