Langsung ke konten utama

Tepo Saliro

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Tansah Wales Winales... . .
Mulane kudu nyingkreh saking pikiran lan tumandang kang ora arep wewalese,
yoiku kang diarani tepo saliro.
Ateges : yen arep opo opo sing bakal tumanduk marang wong liyo, nari ing awake dewe dhisik, gelem nompo opo ora marang panyengguh utawa rerasan utawa solah bawa koyo kang dadi krentege ati iku.
yen awake dewe ora arep, kabeh mau ora perlu ditujokake ing awaking liyan.
awit tekan rasaning ati pisan ya kudu diwurungno (ilangno),
senajan unineng ati iku ora katon ing lair, ananging getering ati kang isih duwe panyengguh opo opo marang liyan iku biso tinampan dening atine si liyan.
tepo saliro kae laku kang baku dewe kanggone wong sesrawungan karo wong liyo ugo kewan.
wong biso nglakoni mangkono, wus aran wong becik, wong bejo, ora bakal nemu olo soko sapadhaning urip.

Laku tepo saliro iku pencare akeh.
yen wong nyangking bantelan abot, mongko ono kang anggawakake, ati rasane lego..yen wong tuwo teko nyangking barang, mesti ya lego atine yen dipapagake, banjur digenteni gawane..yen ono wong direwangi kangelane sathithik, mongko banjur nundhung.nundhung, ya diarani wong ora duwe panarimo.

Mulane awake dewe kudu ditepakno, kabecikaning liyan senajan sathithiko pisan, wajib diterimo..den eling ngetokake panarimo marang sopo bae kang aweh utawa rerewang.
Yen wong mamah panganan, banjur ngriyus kerikil, weruh marang ora kepenake..iku dadi tuladha mulane yen gawe panganan, diresik ojo nganti kaworan wedhi, opo maneh yen pepanganan mau arep didol.

Kepiye rasane ati yen pitakon dienengake bae..
lumrahe wong iku ora kpenak yen pitakone ora oleh wangsulan..mulane wiwit awake dhewe ya ojo ngenengake pitakone wong, senajan lagi nyambutgawe, rak ora kabotan, toh..
mung ngobahake lambe.
Yen ono wong aweh hurmat marang wong pangkat,
nanging ora diwangsuli, iku diarani wong kang kumalungkung.
awake dewe ngangguro, utawa dadio priyayi kang gedhe pisan, yen dikurmati uwong, kudu mangsuli tembung, iku nandakake yen wus weruh dihurmati lan anarimo.
opo ora prayoga, upomo malah andhisiki hurmat kang patut,
opo maneh wong kang kepingin diajeni: ya kudu ngajeni dhisik.
sarupane kang cilik.cilik lan remeh iku mau yen dikawruhi: agawe renane tonggo teparo, tur ora rekoso linakonan.
olehe ngopeni prakara remeh iku dadi tondone weruh ing udanagara.
yen wong nglakoni kang remeh bae ora biso, nglakoni kang abot lan rekoso maneh bisao..
ya mangkono iku panemune para leluhurmu kabeh ing tanah jowo.

Rahayu , Sagung Dumadhi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Jangkepe Jowo Jiwoku

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE JOWO JIWOKU Nunggal laras sesambungane doyo Rasuk rinasuk seksen sineksenan Nunggal jagad sesambungane urip Weruh wineruhan paseduluran Hiyo sedulur tunggal ibu ..sedulur tunggal moho ibu ..sedulur tunggal sang ibu SEDULURAN Rogo klawan rogo liyane iku seduluran..iki ora ngomongno bangsane manungso nanging seduluran bongso rogo Awit sato gegremetan sato galak iku yo nggowo rogo nyandang rogo Jiwo jowo iku nganggep kabeh bongso sato iku sedulure dewe Olehe nganggep yo kyo nganggep dulur ing tunggal wong tuwo Ora mung dianggep hama ugo ingon ingon kanggo pepanganan Nanging yo ora agawe cidro koyo olehe ora gelem nyidrani dulure tunggal wong tuwo Mulane leluhur niro iku biso serawungan marang bongso sato opo bae ugo biso ngerti bosone bongso sato Nalikane wus weruh wineruhan ateges iku ws sesambungan Anane biso sesambungan iku amargo ono tunggal pepadhan Rogo klawan rogo Sukmo klawan sukmo Badan klawan badan Nyowo klawan nyowo Jiwo klawan jiwo Nungg...

Tembung Boso Jowo

KAWERUH TEMBUNG BOSO JOWO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SINAU BOSO JOWO Sinau Tembung Boso Jowo Kuno Kaaran boso kawi Ateges wiwitan utowo kawitane boso Awit ngoko madyo kromo iku Boso jowo ing mongso kasusastran Yoiku mongsoning jowo jawi BAHASA INDONESIA : BAHASA JAWA BUMI :  Bumi, Bawono, Basundoro, Mandolo, Pratiwi, Pratolo MATAHARI : Srengenge, Baskoro, Arko, Aruno, Prabangkoroo, Diwangkoro, Radite, Suryo BULAN : Rembulan, Sasi, Wulan, Ratih, Kirana, Sangkoro, Bodro, Sasongko, Condro BINTANG : Lintang, Sudomo, Trenggono, Sukro, Ganero, Karwikoyo, Kartiko LANGIT : Angkoso, Rawisworo, Jumantoro, Antarikso, Lirang, Gegono, Boma, Dirgantoro GUNUNG : Wukir, Ancolo, Parwoto, Aldoko, Dri, Argo, Giri, Maloyo LAUT : Segoro, Jolodri, Ernowo, Jolonidhi, Samudro HUTAN : Alas, Wono, Rimba, Taratab, Pringgo, Jenggolo SEMESTA : Jagad, Rat, Wretiko, Lokika, Paramusito, Pramudito ANGIN : Angin, Bayu, Bajro, Wayu, Wawono, Sadoko API : Geni, Agni, Bromo, Pawoko, Anolo, Grakso, Dahono AIR ...