Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Jowo

Pengetan

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI PEPENGET ING LAKU  Ngolah doyo njero ugo doyo njobo klawan meneng ngumpulno doyo sangsoyo gede sangsoyo ketoro mundhaking doyo agawe santoso NGOLAH AMBEGAN Nalikane ngolah napas , iku tumujune angen2 ; pangecap pandulu pangrungu pangambu ; hiyo ng udarae, ng udaea sg diserot dadi bayu ing njero rogo, njur dibuwang metu...iku titik fokuse ng UDARAE... dene sg latian olah nps jogo rogo ; hiyo nuju howo sg lumebu metu ing rogoe ; pamusatane, ws ora nggatekno udara lan liyo2ne, amung nuju howoe ; soyo suwe sangsoyo cetho ; kroso, ngrasakno lumebu metune howo ng rogoe ; iku arane ROSO ; sg dgae ngrasakno ; lha roso iku sapirang pirang jenis, kebagi ; sg kasar/gmpng diroso..sg alus/kurang gmpng..sg luwih alus/luwih ora gmpng...iku kbeh mung ayang2 sg kumambang, hiyo wewayange roso kang sejati. ora gae roso yo ora biso ngrasakno ; ateges hampa..ono udara melbu ra kroso, ono adem panas ra kroso, mulo dsebut hampa... MANEKUNG Nalikane ngolah unsur2 sanjeroning...

Jangkepe Ingkang Aran Lerem

JANGKEPE INGKANG ARAN LEREM ::::::::: GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Wening kang cetho welo welo padhang tanpo alinge ngrahono sumebyar laras nyantosani rogo meneb reregeting dadi sirno KAWENINGAN Menengno rogo, Ngeningno cipto banjur Ngenebno rahso rosoe rahso hiyo rosoning kekarepan awit sing gede cilik, tipis kandhel, alus kasar kapilah pilah lan kaenebake menebing rahso yoiku tegese wening weninge rahso anggelar jejagade, yoiku wang wung kang tanpo wates kang ngemot sekabehe kaweruh pepindhane wus ora koyo katindihan gunung maneh ananging gumrigah wus amindah gunung kang ngaling ngalingi cetho padhang yoiku kang aran wus pramono.. Wening iku bening, hiyo nalikane rahsoe biso meneb dene menebe rahso iku sing dadi jalaran gumrigahe budhi lan dadi pambuka plawangan alusing roso pangroso  dadi sebab kandhele roso kamanungsan kang sejati uga kang mahanani salin rupoe kabeh jiwo Saben ono rahso iku mesti bareng onoe roso Mung onoe roso iku ora mesti bareng karo onoe rahso Rahso iku ...

Kadewatan ( Guruloka )

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI KADEWATAN Hyang hong wila heng Awigna budiwa nowo songo Sang dewo sang hyang sang buddo Gusti tetep ingkang moho suci Guruloka gelar jejagating bongso kadewatan Tegese guru iku guruning jagad Pamomong jagad penggelar nirwono Kaswargan kanerakan wus lebur ora ono Bungah klawan susah wus nunggal lebur Salin kahanan kaganti sarwo seneng Jalmo guruloka hiyo wong wong kadewatan Yoiku. bongso dewo bongso hyang bongso buddo bongso gusti Bongso dewo Yoiku diri diri kang wus dunungi kabecikan Dene wong becik iku dudu wong sing karep becik Tegese wong karep becik iku isih nuju dadi wong becik Amargo isih durung ngenggoni kabecikan Jiwone isih durung salin luwih alus Mulo dirine isih demen marang becik Isih gething utowo ngemohi olo Wong ingkang nuju marang becik iku Mung ngenggoni becik ing karep Dirine isih durung salin dadi diri ingkang becik Hiyo durung dunungi bongso dewo Koyo dene meneng, durung meneng temenan Amargo jiwoe isih durung salin rupo Bongso dewo i...

Jangkepe Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE LAKUNE WONG JOWO HASTO BROTO Mulat laku anggentur anarik doyo Soko njobo katarik dening karso Badane kang anarik nyowoe kang ngrasakno Hiyo rahso, rahsoning nyowo Lumebu lumantar howo, kataman ing rogo Sesepan doyoning bawono nyelaras ing njerone rogo Yoiku kang sinebut topobroto Doyo bawono kang rupo wolung perkoro Bumi-gunung-samudro-angin Suryo-lintang-mbulan-angkoso PERTELANING HASTOBROTO Topobrotoning bumi bumi teles bumi garing katarik doyone Topobrotoning gunung gunung urip gunung mati kaserot doyone Topobrotoning samudro samudro butheg samudro bening kaserot doyone Topobrotoning angin angin pelan angin banter kaserot doyone Topobrotoning suryo panas uruping suryo kaserot doyone Topobrotoning lintang lintang panjer rino panjer wengi ingkang kumelip kaserot doyo getare Topobrotoning mbulan adem uruping mbulan kaserot doyone Topobrotoning angkoso awang uwung kang tanpo wates katarik doyone Hastobroto iku wolung macem jinise topo , dudu mlaja...

Sambunge Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI ::::::::::::::::::::: SAMBUNGE LAKUNE WONG JOWO ---------- MANEKUNG Ngolah doyo ing saknjeroning rogo Ngolah unsure bawono ing njerone rogo Lemah banyu udara geni Petheng adem padhang panas Menenge rogo kagowo angolah doyo Klawan cipto makartining sukmo Yoiku manekung kang ateges nggembleng Hiyo musatno cipto ing sawijine unsuring rogo Manekung iku pepdhane meditasi Cokroning banyu mubeng ing njerone rogo Cokroning angin mubeng ing njerone rogo Wiwit manekung ing lemah  Manekung ing banyu Manekung ing udara Manekung ing geni Doyo petheng sesambungane unsur lemah Doyo padhang sesambungane unsur udara Doyo adem sesambungane unsur banyu Doyo panas sesambungane unsur geni PANEKUNGAN Manekung iku sangkane kawisesan Ateges panguwasaan Yoiku anguwasai rogone dewe Awit nguwasai unsur lemah nganti unsur genie rogo WADAG NJOBO Wulu..kulit..getih..otot..daging..balung..sum sum WADAG NJERO Ginjel..lambung..usus..ati..limpah..jantung..paru paru WADAG ALUS Jinem..s...

Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI MEMAYU HAYUNING BAWONO Poso iku cegah dahar cegah ngombe Karepe ngemposno roso Sejatine olehe nyegah ngunuiku mung ngemposno rahso (karep) Amargo rogone soyo ringkih Nalikane ws suwe ora mangan Tetep bae rosoning ilat ora kempes Ugo roso roso liyane tetep rosa makarti Ingkang mangkono iku nuduhno lupute Luput soko sangkane : karep ngemposno roso Parane nuju tangine roso Ora ono ngemposno roso sakliyane nganggo meneng. Rogo iku bawono niro bawono sing ono ing njero hiyo bawono sing meh ora ono bedane karo bawono njobo rogo kae ngemot sapirang pirang doyo soko bawono njobo awit doyo alus kasar nganti wiji wijining urip soko pepanganan2 sing dipangan dening rogo NGROWOT Yoiku lakune wong jowo , amung mangan krowotan krowotan iku polo pendem polo pendem iku tunggale telo, kentang, tales, uwi……….isp rogone mung kaisi wiji2 urip sing kependem (njero lemah) ning kunu pamrihe, supoyo meruhi kawruh kawruh sing kependem ateges kaweruh kang siningit lantaran rogone ...

Jangkepe Jowo Jiwoku

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE JOWO JIWOKU Nunggal laras sesambungane doyo Rasuk rinasuk seksen sineksenan Nunggal jagad sesambungane urip Weruh wineruhan paseduluran Hiyo sedulur tunggal ibu ..sedulur tunggal moho ibu ..sedulur tunggal sang ibu SEDULURAN Rogo klawan rogo liyane iku seduluran..iki ora ngomongno bangsane manungso nanging seduluran bongso rogo Awit sato gegremetan sato galak iku yo nggowo rogo nyandang rogo Jiwo jowo iku nganggep kabeh bongso sato iku sedulure dewe Olehe nganggep yo kyo nganggep dulur ing tunggal wong tuwo Ora mung dianggep hama ugo ingon ingon kanggo pepanganan Nanging yo ora agawe cidro koyo olehe ora gelem nyidrani dulure tunggal wong tuwo Mulane leluhur niro iku biso serawungan marang bongso sato opo bae ugo biso ngerti bosone bongso sato Nalikane wus weruh wineruhan ateges iku ws sesambungan Anane biso sesambungan iku amargo ono tunggal pepadhan Rogo klawan rogo Sukmo klawan sukmo Badan klawan badan Nyowo klawan nyowo Jiwo klawan jiwo Nungg...