Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Kaweruh Jowo

Kadewatan ( Guruloka )

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI KADEWATAN Hyang hong wila heng Awigna budiwa nowo songo Sang dewo sang hyang sang buddo Gusti tetep ingkang moho suci Guruloka gelar jejagating bongso kadewatan Tegese guru iku guruning jagad Pamomong jagad penggelar nirwono Kaswargan kanerakan wus lebur ora ono Bungah klawan susah wus nunggal lebur Salin kahanan kaganti sarwo seneng Jalmo guruloka hiyo wong wong kadewatan Yoiku. bongso dewo bongso hyang bongso buddo bongso gusti Bongso dewo Yoiku diri diri kang wus dunungi kabecikan Dene wong becik iku dudu wong sing karep becik Tegese wong karep becik iku isih nuju dadi wong becik Amargo isih durung ngenggoni kabecikan Jiwone isih durung salin luwih alus Mulo dirine isih demen marang becik Isih gething utowo ngemohi olo Wong ingkang nuju marang becik iku Mung ngenggoni becik ing karep Dirine isih durung salin dadi diri ingkang becik Hiyo durung dunungi bongso dewo Koyo dene meneng, durung meneng temenan Amargo jiwoe isih durung salin rupo Bongso dewo i...

Jangkepe Jowo Jiwoku

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE JOWO JIWOKU Nunggal laras sesambungane doyo Rasuk rinasuk seksen sineksenan Nunggal jagad sesambungane urip Weruh wineruhan paseduluran Hiyo sedulur tunggal ibu ..sedulur tunggal moho ibu ..sedulur tunggal sang ibu SEDULURAN Rogo klawan rogo liyane iku seduluran..iki ora ngomongno bangsane manungso nanging seduluran bongso rogo Awit sato gegremetan sato galak iku yo nggowo rogo nyandang rogo Jiwo jowo iku nganggep kabeh bongso sato iku sedulure dewe Olehe nganggep yo kyo nganggep dulur ing tunggal wong tuwo Ora mung dianggep hama ugo ingon ingon kanggo pepanganan Nanging yo ora agawe cidro koyo olehe ora gelem nyidrani dulure tunggal wong tuwo Mulane leluhur niro iku biso serawungan marang bongso sato opo bae ugo biso ngerti bosone bongso sato Nalikane wus weruh wineruhan ateges iku ws sesambungan Anane biso sesambungan iku amargo ono tunggal pepadhan Rogo klawan rogo Sukmo klawan sukmo Badan klawan badan Nyowo klawan nyowo Jiwo klawan jiwo Nungg...

Ora Nyembah Ora Sinembah ( tan anyembah )

ORA NYEMBAH TAN SINEMBAH GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Kencono wungu gumilang sangkan  soroting suryo padhang jinglang pethenge wengi kasinaran lintang mbulan panembahan pamujaaning manungso tanpo mangerteni sopo lan opo Ono ingkang karep nyembah ono ingkang wus nyembah nganggo sarono macem macem kaaran ritual panyembahan ono ing sajeroing papan pamujaan. Tanpo weruh tanpo ngawikani yoiku padunungane kapitayan dudu padunungane pangawikan uwong percoyo biso ora percoyo (was sumelang) ananging wong wikan iku ngawikani (weruh) ono kang nyembah amargo karep anyuwun ono kang nyembah amargo karep mituhu ono kang nyembah amargo roso matur ksuwun Nalikane uwong kang anyembah katiban loro utowo nyandang sengsoro (kasusahan) was sumelang ugo bebingunge anyanding uripe amargo mokhal yen sing moho kuwoso menehi loro sengsoro lan mokhal sing moho kuwoso wewatek sewenang wenang ning sajeroing susah ono warto yen iku aran ujian (cobane sing kuoso) yoiku palipur lorone kanggo nerusno olehe tetep ...

Pangaksumo ( Pangapuroh )

PANGAKSUMO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Ingkang tansah wales winales lupute kajaluk ing pangapuro lupute kaijol ing pangapuro lali paukumane lali piwalese wani ngelakoni yo wanio ing ukumane gelem nglakoni malah wedi piwalese mung nuduhno ing cilik atine... Tumindak bener yo oleh kabecikan tumindak salah yo oleh paukuman bener lan becik mardi kautaman salah tur olo mardine kasengsaran Amargo isih akeh kasalahan sing diluputake soko paukuman iku ora biso jejeg ing adile, adile iku laku bener tompo becik laku salah oleh paukuman mulo banjur ora biso maju ora tinemu ing kabagusan wong tumindak salah iku patut keno ukuman paukuman kui sarono kanggo marekno wong salah, supoyo weruh ing salahe, supoyo ora dibaleni maneh.. wong salah njaluk pangapuro iku wus lumrah, ateges ngakoni ing salahe..mung tanpo anane ukuman, wong salah malah kerep anjaluk pangapuro, ngemohi ukuman ; arep enak ngemohi rekasaane.. mulo banjur dadi uwong sing cilik atine, ora wani nanggung opo sing wus dilakoni. Wewat...

Sambunge Ingkang Aran Lerem

SAMBUNGE INGKANG ARAN LEREM GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI NGENINGNO CIPTO ( meheningkan cipta ) Sukmo ingkang nukmo Ngejawontoh anggelar rogo Kalimput rosoning pangroso Dadekake owahing ciptone sukmo Ngolah ngalihe anyorot ing aura Auraning badan kang nglimputi rogo Sukmo nukmo kinuwoso anjajah ngideri bawono Koyo pamesating sukmo ing jagad pangimpen Iku ngrucating cipto soko limputing pangroso Lolos sukmo..sukmo nukmo..silat sukmo KAHENINGAN Hening iku sunyi, yoiku leremening cipto soko owahe owahing panggagas owahing panggraito owahing panganggep Hiyo iku cipto ingkang dumunung ing hening.. yoiku sing diarani ketenangan hening iku dudu kosong amung sunyi ono ing sajerone cipto kang hening sukmone semedi… ngeningno cipto iku  ora nggagas tumanduking angen angen ora nggraito ; ateges ora ngelingi kang wus linakonan  ora nanggap ing makartine poncodriyo  ning kunu sukmo awit biso tmbah alusan maneh  nganti nyedak ing murnie yoiku wijine sukmo  jalaran lereming c...

Jangkepe Jogo Rogo

JANGKEPE JOGO ROGO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Mbuwang wedi nukulno wani tegese wani iku tatag ngadepi tanpo ono getir kuwatir tanpo ono getun ing mburi ambuwang was sumelang soko diri hiyo iku lawangane piyandel ing diri tatag teteg mulo banjur teguh diri ora perlu wedi wedi mulat sariro hangroso wani. ROGO ENOM LAN ROGO TUWO Wiwit rogo iku salin rupo saben pitung taon sepisan ateges ganti rupane ono rupo enom rupo tuwo ono awak enom awak tuwo (rogo) ono umur enom umur tuwo katelune iku bedo ing padunungane, ojo disengguh asin podo uyahe kedadiane : ono rogo enom - umur enom - rupo enom ono rogo enom - umur tuwo - rupo tuwo ono rogo enom - umur enom - rupo tuwo ono rogo enom - umur tuwo - rupo enom Dene rogo enom iku awake luwih kuwat ateges ora gampang keno leloro hiyo cepet warase, naliko awake catu (kebacok/keno paku isp ; luka) rogo enom iku ora ringkih poncodriyone rogo enom iku dununge doyo kakuwatane awak rogo enom iku dudu umur enom dudu rupo enom rogo enom iku ateges rogo ...

Jangkepe Cupumanik Hastogino

JANGKEPE CUPU MANIK HASTOGINO Rogo ingkang kasinungan dayane suksmo balutane rogo slendange suksmo suksmo kawetu ambuntel rogo soyo lawas sangsoyo sampurno ngrogo suksmo iku suksmone ngenggoni rogo hiyo suksmo dadi pambuntele rogo ngrogo suksmo  iku dudu suksmo metu soko rogo banjur kluyuran mrono mrono Cupumanik Hastogino CUPUMANIK iku WADAH ARUPO CAHYO HASTOGINO iku DUWE WOLUNG PIGUNO sing lumrae disebut ; cupumanik astagina yoiku : Tanpo kademen tanpo kepanasen Tanpo pegel tanpo loro Tanpo bungah tanpo susah Tanpo luwe tanpo turu Ingkang Wus Tanpo Kademen Ateges rogone ora kademen nalikane keno doyo adem hiyo rogo sing wus kuwat nompo gethering adem tanpo kademen iku rogone wus biso betah adem awit ademing banyu ugo angin ateges rogo kuwat nyonggo kaademaning doyo bawono tanpo kademen iku dudu ora keno adem utowo ora kroso adem nanging kuwat lan betah marang adem Ingkang Wus Tanpo Kepanasen ateges rogo kang kuwat nyonggo doyo panasing bawono mulo wus tanpo kepanasen iku rogo sin...