GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI [ Watoning jagat iku: Timbang ] Dadi yen ono goncating timbangan, mesthi njaluk bali nganti podho, kang nyulayakake timbangan iku dipekso bali, utawa diwales. Mulane donya iku wales-winales.bolak-balik.. Bola.bali iku: tampel-tinampel, utawa mubeng temu gelang.. Bumi iki ya mubeng ing indhane, marakake rino gantenan karo wengi.. bumi iki ya ngiteri srengenge, nganakake mongso kang podho ing saben taun.. sorot padhang kang tumanduk ing sarupane barang iku ditampel bali dening barange, sorote srengenge soko kiwo yen katampan ing kaca, balik tampel manengen, sorote tibo ing papan, ing kunu katon gambare srengenge.. Sanyatane: sorot padhang iku ditampel ing barang, yen enggoke sorot iku tumanduk ing mripat, mripat weruh gambare barang kang nampel sorot..nanging ing wayah bengi ora ono sorot, ora ono padhang kang katampel, mulane ora ono barang katon mripat ing pepetheng.. swara natab ing tembok hiya katampel bali.. banyu segoro nguwab dadi mego mendhung, tib...
Javanese Spirituality