Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Tetimbangan

Timbanganing Jagad

TETIMBANGANING JAGAD GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Sarupaning kahanan iku duwe timbangan. gedhe duwe timbangan cilik.. akeh timbangane satithik.. olo tetimbange becik.. timbangan iku mesti ono ing tengah.tengahe.. ya iku sing perlu dititiprikso. Kahanan loro kang tetimbangan iku ora ono wates ing tetepe..tengah.tengahe mau ngolah.ngalih manut jaman..manut papan..yaiku manut karepe wong akeh. Upamane mangkene : Dek jaman biyen duwe duwit sewu rupiya iku wus aran sugih nanging jaman saiki ora..duwe duwit puluan ewu iku wus sugih tumraping wong kere, nanging tumrape sing sugih ora. dadi ngarani sugih miskin..bodoh pinter iku manut jamane lan ditimbang karo sopo. timbangan iku mesti duwe kosokbali.. timbangan iku ora duwe pungkasan nanging kosokbali duwe pungkasan. Wetan iku timbangane kulon, nanging wong lumaku ngetan, ing bumi kene bisa muncul ing kulon, sebab bumi iki bunder..wetan.kulon iku ora duwe pungkasan, amargo sawijining pulo keno dadi wetan, ya biso dadi ono ing kulon, yen ka...