Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Sinau

Padunungan ( dununge )

PADUNUNGAN .Akeh sg ngarani roso pangroso dumunung ono ing ati .sing ono ing saknjerone ati iku angen angen .saknjerone angen angen iku cipto .roso pangroso iku dumunung ing jantung .susah bungah gething dhemen wedi wani .iku sg gawe owah gingsire kahanan jantung .Dene koyo angen angen sg petheng (bingung) iku mergo katumusan roso pangroso .samono ugo gingsire cipto y mergo kacampuran pangroso .dene utek iku pucuk.e budhi .bongkote budhi kaaran budhi kawruh kang ono ing wang wung .Dadi sg diarani loro ati kae, angen angen sg lagi petheng...kurang sorot sunaring budhi.. .koyo mangkel muring nesu iku uwohing susah, nganti anjalar ing angen angen.. .angen angen sg katumusan pangroso kyo mangkono iku arane rahso (rosoning karep).. hiyo rahso kang isih kasar, ndadekake pethenge angen angen .wekasan dumunung ing gung liwang liwung. .dadi padunungane wong wong bongso neroko.. Rahayu , Sagung Dumadhi

Pasinaon ( Moco )

PASINAON .ono pangerten .ono kapercayaan Kabeh uwong sing ngudi kawruh. ..iku ono loro parane.. .siji : ing pangerten parane .loro : ing kapercayaan parane Pangerten iku oleh olehane ngerti....podo ae kro kaweruh (oleh olehane weruh).. sing weruh lan sing ngerti iku dirine...ateges dirine iku wis sambung seksen sineksenan (pangrungu weruh sworo ; dadi sworo iku pangertene pangrungu..ateges sworo iku oleh olehane pangrungu ngerti/sambung.seksen.sineksenan) Samongso ora mangkono ; kawruh sing diudi mau dumunung ing kapercayaan... dene kapercayaan iku dudu pangerten dudu kawruh...nganti dirine biso sambung nyatakno.. nalikane wus sambung nyatakno...kapercayaan owah dadi pangerten/kawruh.. dadi kapercayaan iku tanpo kasunyatan tanpo kawruh Dene pangerten iku ndunungi kasunyataan. dadi kabeh kabeh iku kapercayaan arane yen tnpo dinyatakno.. kabeh kabeh iku anggep anggep yen ora biso nyatakno... tegese nyatakno iku mbuktino...dene mbuktino iku biso nganggo coro sing maneko werno... wong perc...

Tembung Boso Jowo

KAWERUH TEMBUNG BOSO JOWO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SINAU BOSO JOWO Sinau Tembung Boso Jowo Kuno Kaaran boso kawi Ateges wiwitan utowo kawitane boso Awit ngoko madyo kromo iku Boso jowo ing mongso kasusastran Yoiku mongsoning jowo jawi BAHASA INDONESIA : BAHASA JAWA BUMI :  Bumi, Bawono, Basundoro, Mandolo, Pratiwi, Pratolo MATAHARI : Srengenge, Baskoro, Arko, Aruno, Prabangkoroo, Diwangkoro, Radite, Suryo BULAN : Rembulan, Sasi, Wulan, Ratih, Kirana, Sangkoro, Bodro, Sasongko, Condro BINTANG : Lintang, Sudomo, Trenggono, Sukro, Ganero, Karwikoyo, Kartiko LANGIT : Angkoso, Rawisworo, Jumantoro, Antarikso, Lirang, Gegono, Boma, Dirgantoro GUNUNG : Wukir, Ancolo, Parwoto, Aldoko, Dri, Argo, Giri, Maloyo LAUT : Segoro, Jolodri, Ernowo, Jolonidhi, Samudro HUTAN : Alas, Wono, Rimba, Taratab, Pringgo, Jenggolo SEMESTA : Jagad, Rat, Wretiko, Lokika, Paramusito, Pramudito ANGIN : Angin, Bayu, Bajro, Wayu, Wawono, Sadoko API : Geni, Agni, Bromo, Pawoko, Anolo, Grakso, Dahono AIR ...

Jangkepe Wedaraning Rogo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE WEDARANING ROGO Damarmoyo arane arupo damar, mung moyo moyo padhange iku kang madhangi mripating rogo manggon ono ing sajeroing tyas kang tuwuh soko kedhering lintang, damarjati ugo pramono andadiake badan pitu arupo cahyo lapis pitu kang mahanani tuwuhe piranti alusing rogo lelimo yoiku Otot alus , iku sing dadi kakuwatan kang anyambung gandhenge piranti ing antaraning jagad gede lan jagad cilik Otot kurang alus , kaaran nadi iku kang digawe noto piranti piranti sajeroing rogo Dhuwuran utowo uteg , iku sawijing papane piranti kanggo anggandheng gathuke kahanan njobo lan njero iku hiyo salah sawijine sor sorane budhi Kebuk utowo paru paru sing kiwo dadi wadah lumebune udara soko njobo sing tengen wadah palerenane udara kang diwetokno Jiling , iku rupane piranti kang maligiake lan nglaras doyo supoyo biso gathuk marang doyoning budhi kaaran kekandhanging roso gathukake sing soko njero lan soko ing njobo Hiyo anane isen isen ing sajeroing tyas ...

Wewatekaning Jagad

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Jagat iku anduweni watek langgeng ..langgeng iku panggah salawase. ora kok bayi iku bakal panggah bayi bae..utawa jaman iki ora bakal salin. Langgeng iku tetepe waton lelakoning jagat , panggah ing watek, dudu panggah ing kahanan. Sawijining barang kang meneng iku, mesti panggah meneng.leren (ora obah) salawase, yen ora ono doyo kang ngobahake..barang kang wis obah, hiya bakal terus obah manut enere ing barang mau.. yen ora ono doyo kang nampeg utawa mapag. Lakune bumi mbulan lan lintang.lintang , kang salawase panggah obah manut enere..watu bunder kang diglundungake iku mesti ora mandeg.mandeg lan panggah ing enere, upomo sasuwene ngglundhung ora katampeg udara utawa ora goser karo lemah..wong yen arep nyoloti palangan dhuwur, kudu nganggo ancang.ancang lumayu soko adohan, supoyo awake obaho, lan obahe iku kang ngatutake awake nglangkahi palangan mau..upomo tanpo ancang.ancang, jangkahe mesti ora tekan..watone jagat prakoro ancang.ancang iku dadi tuminda...

Oleh-Olehaning Dhewe

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Sadengah wong bungah lan marem, sabab oleh kaweruh kang akeh saka guru linuwih. ugo ono kang bungah lan marem sebab jajah sesurupane, soko layang warna.warna anggitane pujangga linuwih utawa soko serat warna.warna anggitane para begawan resi. Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mbleset)  iku mung pitutur kang tinemu ing batine dewe. Pitutur soko njobo (lair) mung dadi sarana thok.thok. ateges : dadi lantaran bisane niteni karo ngrasakake, gandheng kerep ngleremake poncodriyo. dadi yen ora kerep nyudo tumangkaring rahsa kasar (hawa napsu)  lan ngrasakake nganti weruh marang rasane.. iku akeh.akehe tanpo gawe : sebab mung dumunung ing angen.angen. ateges : mung lagi biso ngarani bener lan becik, dhemen lan ngalem. dudu surasaning tembung, kang ora bisa meruhi yen  ora sregep ngenengake roso kasar (adon.adon kasar) Bola.bali kang manfaati iku mung OLEH.OLEHANE DHEWE . rejeki kang olehe soko nyambutgawe krekelan, iku kang kroso pena...

Wangun Gilig

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SINAU BUWENGAN Purwoning ono kang aran samadhi nalikane deweke kasemsem marang kang adhi adhi luwih werdine ora gampang kinaweruhan ambiyak warono ing palenggahan amrih nunggal laras ing puncaking samadhi dadi lawas yen wus gilig doyo uripe ora biso suwe yen kurang murni jiwoe. Wangun bunder utowo gilig , iku wangun sing kuwat dewe pathokane wangun iku bunder utowo buweng wangun bunder iku ora biso diarani tipis lan kandhel yen disawango soko pinggire menowo ditarik garis sing nerjang titik pusere mesti mung tinemu kandhele kang ora kaungkulan karo kandhel sing diukur soko titik liyane. Mulo bunder iku sawijing watek kang perlu kang biso nekakake sambarang sedyone uwit iku gilig, mulo anane angin soko sisi endi bae ora marai ambruk, amargo kandhele mubeng pring iku y gilig, kayune y tipis amargo njerone bolong, mung ora kalah rosane karo kayu liyo sing podo gedhene, mung yen sigar, ilang kakuwatane mangkono ugo bebalungane sato, njerone gombong mung gili...