Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Pirantining Urip Ing Bawono

Pirantining Urip Ing Bawono

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Kaweruh Pirantining Urip Ing Bawono Saknjabaning urip ono roso, saknjabaning roso ono jiwo, saknjabaning jiwo ono nyowo, saknjabaning nyowo ono badan, saknjabaning badan ono suksmo, saknjabaning suksmo ono rogo. Urip gegandengane roso roso gegandengane jiwo, jiwo roso nunggal urip nyowo gegandengane badan suksmo gegandengane rogo ( Mulane ono tetembungan jowo : Bojone jaka lara iku ing tembe mesti ketemu maneh kumpul sawiji ) ateges ; jiwo iku bojone urip, badan iku bojone nyowo, rogo iku bojone suksmo, nganti salawase yo panggah mangkono gegandengan tan owah ( wutuh ). Jaka ; lanang sing durung tau saresmi Lara ; wadon sing durung tau saresmi Saben ono urip mesti ono jiwo roso saben ono badan mesti ono nyowo, mung ora saben nyowo ono badane saben ono rogo mesti ono suksmo, mung ora saben suksmo ono rogoe Dumadine urip iku ono sing dirasakno, ono sing dienggo ngrasakno lan ono sing ngrasakno Dumadine pati iku ora ono sing dirasakno (hampa), ora ono sing d...