SAMBUNGE INGKANG ARAN LEREM GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI NGENINGNO CIPTO ( meheningkan cipta ) Sukmo ingkang nukmo Ngejawontoh anggelar rogo Kalimput rosoning pangroso Dadekake owahing ciptone sukmo Ngolah ngalihe anyorot ing aura Auraning badan kang nglimputi rogo Sukmo nukmo kinuwoso anjajah ngideri bawono Koyo pamesating sukmo ing jagad pangimpen Iku ngrucating cipto soko limputing pangroso Lolos sukmo..sukmo nukmo..silat sukmo KAHENINGAN Hening iku sunyi, yoiku leremening cipto soko owahe owahing panggagas owahing panggraito owahing panganggep Hiyo iku cipto ingkang dumunung ing hening.. yoiku sing diarani ketenangan hening iku dudu kosong amung sunyi ono ing sajerone cipto kang hening sukmone semedi… ngeningno cipto iku ora nggagas tumanduking angen angen ora nggraito ; ateges ora ngelingi kang wus linakonan ora nanggap ing makartine poncodriyo ning kunu sukmo awit biso tmbah alusan maneh nganti nyedak ing murnie yoiku wijine sukmo jalaran lereming c...
Javanese Spirituality