Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Lakune Wong Jowo

Jangkepe Ingkang Aran Lerem

JANGKEPE INGKANG ARAN LEREM ::::::::: GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Wening kang cetho welo welo padhang tanpo alinge ngrahono sumebyar laras nyantosani rogo meneb reregeting dadi sirno KAWENINGAN Menengno rogo, Ngeningno cipto banjur Ngenebno rahso rosoe rahso hiyo rosoning kekarepan awit sing gede cilik, tipis kandhel, alus kasar kapilah pilah lan kaenebake menebing rahso yoiku tegese wening weninge rahso anggelar jejagade, yoiku wang wung kang tanpo wates kang ngemot sekabehe kaweruh pepindhane wus ora koyo katindihan gunung maneh ananging gumrigah wus amindah gunung kang ngaling ngalingi cetho padhang yoiku kang aran wus pramono.. Wening iku bening, hiyo nalikane rahsoe biso meneb dene menebe rahso iku sing dadi jalaran gumrigahe budhi lan dadi pambuka plawangan alusing roso pangroso  dadi sebab kandhele roso kamanungsan kang sejati uga kang mahanani salin rupoe kabeh jiwo Saben ono rahso iku mesti bareng onoe roso Mung onoe roso iku ora mesti bareng karo onoe rahso Rahso iku ...

Jangkepe Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE LAKUNE WONG JOWO HASTO BROTO Mulat laku anggentur anarik doyo Soko njobo katarik dening karso Badane kang anarik nyowoe kang ngrasakno Hiyo rahso, rahsoning nyowo Lumebu lumantar howo, kataman ing rogo Sesepan doyoning bawono nyelaras ing njerone rogo Yoiku kang sinebut topobroto Doyo bawono kang rupo wolung perkoro Bumi-gunung-samudro-angin Suryo-lintang-mbulan-angkoso PERTELANING HASTOBROTO Topobrotoning bumi bumi teles bumi garing katarik doyone Topobrotoning gunung gunung urip gunung mati kaserot doyone Topobrotoning samudro samudro butheg samudro bening kaserot doyone Topobrotoning angin angin pelan angin banter kaserot doyone Topobrotoning suryo panas uruping suryo kaserot doyone Topobrotoning lintang lintang panjer rino panjer wengi ingkang kumelip kaserot doyo getare Topobrotoning mbulan adem uruping mbulan kaserot doyone Topobrotoning angkoso awang uwung kang tanpo wates katarik doyone Hastobroto iku wolung macem jinise topo , dudu mlaja...

Sambunge Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI ::::::::::::::::::::: SAMBUNGE LAKUNE WONG JOWO ---------- MANEKUNG Ngolah doyo ing saknjeroning rogo Ngolah unsure bawono ing njerone rogo Lemah banyu udara geni Petheng adem padhang panas Menenge rogo kagowo angolah doyo Klawan cipto makartining sukmo Yoiku manekung kang ateges nggembleng Hiyo musatno cipto ing sawijine unsuring rogo Manekung iku pepdhane meditasi Cokroning banyu mubeng ing njerone rogo Cokroning angin mubeng ing njerone rogo Wiwit manekung ing lemah  Manekung ing banyu Manekung ing udara Manekung ing geni Doyo petheng sesambungane unsur lemah Doyo padhang sesambungane unsur udara Doyo adem sesambungane unsur banyu Doyo panas sesambungane unsur geni PANEKUNGAN Manekung iku sangkane kawisesan Ateges panguwasaan Yoiku anguwasai rogone dewe Awit nguwasai unsur lemah nganti unsur genie rogo WADAG NJOBO Wulu..kulit..getih..otot..daging..balung..sum sum WADAG NJERO Ginjel..lambung..usus..ati..limpah..jantung..paru paru WADAG ALUS Jinem..s...

Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI MEMAYU HAYUNING BAWONO Poso iku cegah dahar cegah ngombe Karepe ngemposno roso Sejatine olehe nyegah ngunuiku mung ngemposno rahso (karep) Amargo rogone soyo ringkih Nalikane ws suwe ora mangan Tetep bae rosoning ilat ora kempes Ugo roso roso liyane tetep rosa makarti Ingkang mangkono iku nuduhno lupute Luput soko sangkane : karep ngemposno roso Parane nuju tangine roso Ora ono ngemposno roso sakliyane nganggo meneng. Rogo iku bawono niro bawono sing ono ing njero hiyo bawono sing meh ora ono bedane karo bawono njobo rogo kae ngemot sapirang pirang doyo soko bawono njobo awit doyo alus kasar nganti wiji wijining urip soko pepanganan2 sing dipangan dening rogo NGROWOT Yoiku lakune wong jowo , amung mangan krowotan krowotan iku polo pendem polo pendem iku tunggale telo, kentang, tales, uwi……….isp rogone mung kaisi wiji2 urip sing kependem (njero lemah) ning kunu pamrihe, supoyo meruhi kawruh kawruh sing kependem ateges kaweruh kang siningit lantaran rogone ...

Sambunge Ingkang Aran Lerem

SAMBUNGE INGKANG ARAN LEREM GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI NGENINGNO CIPTO ( meheningkan cipta ) Sukmo ingkang nukmo Ngejawontoh anggelar rogo Kalimput rosoning pangroso Dadekake owahing ciptone sukmo Ngolah ngalihe anyorot ing aura Auraning badan kang nglimputi rogo Sukmo nukmo kinuwoso anjajah ngideri bawono Koyo pamesating sukmo ing jagad pangimpen Iku ngrucating cipto soko limputing pangroso Lolos sukmo..sukmo nukmo..silat sukmo KAHENINGAN Hening iku sunyi, yoiku leremening cipto soko owahe owahing panggagas owahing panggraito owahing panganggep Hiyo iku cipto ingkang dumunung ing hening.. yoiku sing diarani ketenangan hening iku dudu kosong amung sunyi ono ing sajerone cipto kang hening sukmone semedi… ngeningno cipto iku  ora nggagas tumanduking angen angen ora nggraito ; ateges ora ngelingi kang wus linakonan  ora nanggap ing makartine poncodriyo  ning kunu sukmo awit biso tmbah alusan maneh  nganti nyedak ing murnie yoiku wijine sukmo  jalaran lereming c...

Tegese Ingkang Aran Lerem

Gama Budhi Kaweruh Urip Sajati 24 Mei 2017  GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI -LEREM- ( meneng-tenang-anteng ) Lereming poncodriyo ( pandulu.pangrungu.pangambu.pangecap.pangroso awak )  Kaaran meneng Lereming cipto ( panggagas.panggraito.panganggep ) Kaaran tenang Lereming rahso ( bungah.susah.gething.dhemen.nesu.muring.seneng.manglah.... isp )  Kaaran anteng Olehe anteng temenan Yoiku kaweningan Olehe tenang temenan Yoiku kaheningan Olehe meneng ing NENG temenan Yoiku mahening suci Menengno rogo- Ngeningno cipto- Ngenebno rahso- Ngolah roso Yoiku sing diarani samadhi. WEDARANE INGKANG ARAN LEREM Meneng iku ora obah tegese ora obah iku ora makarti Meneng kae dudu padane tembung diam, dene diam iku mbisu (ora nyuworo) Menengno rogo iku ngleremno poncodriyo, amargo sing dadi pancere rogo iku limang indriyo, yoiku ; Pandulu-pangrungu-pangambu-pangecap-panggepok Kalimone iku nunggal pisah, kawengku angen angen, dene awitane nglerem kae siji siji, ora bareng kalimone langsung Ye...

Ancasing Samadhi

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI - SAMADHI - Bener iku mung siji, mulo digawe oyokan wong sajagad. Dene kudune weruh dalane nuju marang bener, yoiku ngeningno cipto lan nglerem rahsa menengno poncodriyo. Iku ateges patirogo ugo kaaran urip sajeroning pati, sing mati rosone poncodriyo, tegese mati yo ora makartine poncodriyo (lelimang roso), yoiku matine njobo uripe njero..ugo kaaran meneng ing NENG klawan wening ing NING. Sing meneng y poncodriyoe, sing wening y ciptone, yen wus biso meneng ing NENG temenan, kui arane Mahening Suci..yoiku : roso pangroso kasar wus meneng temenan, lerem ciptone, meneb rahsane, kang mangkono iku mahanani aluse angen angen..mahening suci ateges biso hening ing sajeroning kasucian. Samadhi (diwoco ; semedi) kui asale ; soko tembung " sengsem marang kang adi " dene karepe wong meneng (samadhi) iku ora kog supoyo koyo watu, nglerem cipto lan panggagas ora kog supoyo koyo bangsane sato, ora supoyo koyo manuk ing kurungan kang tanpo duweni kemareman ug...