Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Kaweruh Urip

Jangkepe Jowo Jiwoku

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE JOWO JIWOKU Nunggal laras sesambungane doyo Rasuk rinasuk seksen sineksenan Nunggal jagad sesambungane urip Weruh wineruhan paseduluran Hiyo sedulur tunggal ibu ..sedulur tunggal moho ibu ..sedulur tunggal sang ibu SEDULURAN Rogo klawan rogo liyane iku seduluran..iki ora ngomongno bangsane manungso nanging seduluran bongso rogo Awit sato gegremetan sato galak iku yo nggowo rogo nyandang rogo Jiwo jowo iku nganggep kabeh bongso sato iku sedulure dewe Olehe nganggep yo kyo nganggep dulur ing tunggal wong tuwo Ora mung dianggep hama ugo ingon ingon kanggo pepanganan Nanging yo ora agawe cidro koyo olehe ora gelem nyidrani dulure tunggal wong tuwo Mulane leluhur niro iku biso serawungan marang bongso sato opo bae ugo biso ngerti bosone bongso sato Nalikane wus weruh wineruhan ateges iku ws sesambungan Anane biso sesambungan iku amargo ono tunggal pepadhan Rogo klawan rogo Sukmo klawan sukmo Badan klawan badan Nyowo klawan nyowo Jiwo klawan jiwo Nungg...

Tegese Ingkang Aran Lerem

Gama Budhi Kaweruh Urip Sajati 24 Mei 2017  GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI -LEREM- ( meneng-tenang-anteng ) Lereming poncodriyo ( pandulu.pangrungu.pangambu.pangecap.pangroso awak )  Kaaran meneng Lereming cipto ( panggagas.panggraito.panganggep ) Kaaran tenang Lereming rahso ( bungah.susah.gething.dhemen.nesu.muring.seneng.manglah.... isp )  Kaaran anteng Olehe anteng temenan Yoiku kaweningan Olehe tenang temenan Yoiku kaheningan Olehe meneng ing NENG temenan Yoiku mahening suci Menengno rogo- Ngeningno cipto- Ngenebno rahso- Ngolah roso Yoiku sing diarani samadhi. WEDARANE INGKANG ARAN LEREM Meneng iku ora obah tegese ora obah iku ora makarti Meneng kae dudu padane tembung diam, dene diam iku mbisu (ora nyuworo) Menengno rogo iku ngleremno poncodriyo, amargo sing dadi pancere rogo iku limang indriyo, yoiku ; Pandulu-pangrungu-pangambu-pangecap-panggepok Kalimone iku nunggal pisah, kawengku angen angen, dene awitane nglerem kae siji siji, ora bareng kalimone langsung Ye...

Sambunge Serat Jiwo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SAMBUNGE SERAT JIWO Serating Jiwo Kang ateges tulisaning jiwo Hiyo lukisaning urip Hiyo Kahananing jiwo Jiwatma jiwondo jiwodono Nalikane ono susah hiyo mesti ono bungah yen karepe katekan ono bungah yen karepe ora katekan ono susah iku nuduhno yen isih kasar rahsane yen jiwoe isih kandhel wuwulane hiyo nuduhno yen isih kasar rosone mertelakno yen isih cilik dirine yen isih bocah kamanungsane....... Uwong Lan Kekarepan Wong karep wong angon karep (pepinginan) iku ora ono salahe, jenenge urip yo duwe karep awit tetuwuhan, gegremetan hiyo duweni karep mung sadengah urip iku pikarepe ora podo amergo bedo bedone sing ndasari karep hiyo bedoning sangkan tuwuhe karep ono sing soko cipto, rahso, karso ugo roso arane karep iku yen pinuju ing arep dadi onoe karep iku amargo onoe SING DIKAREPNO lha onoe sing dikarepno iku amargo onoe SING NGAREPNO Nalikane ono karep katurutan ; bungah yen ono karep ora katurutan ; susah sing karep iku ora luput, dene sing luput iku...

Sandangane Urip

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SANDANGANE URIP Wiwitan kang tanpo rupo panjenengane kaaran saliro hiyo saliro suci sadurunge ono wuwulaning doyo ora kawulo yo dudu gusti namung saliro suci Tumurun kaserot anggelar papan purwopodo arane kang dadi jagate jiwo urip sandangan nyowo kang tanpo badan tanpo suksmo isih durung kaaran bongso amargo isih tanpo rupo  amung tejo sunaryo Yoiku wahyu ateges nyowo kang akeh hiyo uriping jiwo sing ora akeh wuwulane sumunare kang tanpo werno mung hiyo luwih anyorot padhange iki sangkane jiwo sing mowo ka adem an Yoiku pulung ateges bongkot hiyo uriping jiwo sing luwih akeh wuwulane tinimbang karo wahyu lan luwih ora suci maneh sumunare biru semu ijo moyo moyo iki sing dadi sangkane dhemen klawan bungah Yoiku andaru ateges kumelip lirkadiyo lintang sumunare kuning semu abang moyo moyo kang luwih ora suci maneh tinimbang wahyu lan pulung hiyo jiwo urip kang andasari gumelare bawono iki sing dadi sangkane salugune wong janaloka Yoiku teluhbrojo sumuna...

Eling Klawan Waspodo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI WASPODONE ELING Urup padhang soroting cahyo Wutuh katompo Anyirnakake sunaring grahono Sirno ing lebur, dadi mijiling purnomo Pepetheng lan bebingunge musnoh Kaganti cetho welo welo terwoco Sungune angkoro lan murko Kasiram banyu ademing roso Hiyo sajatining roso Ingkang dumunung ing sajeroing jiwo yoiku Jiwone manungso sajati Eling klawan waspodo Iku dudu elinge angen angen Ora cipto ora ripto Dudu kelingan lan ngelingi Nanging elinge budhi Hiyo budhi iku tukang eling Eling marang kajaten tanpo pegat Eling lan waspodo iku loro loroning atunggal Yen eling mesti waspodo Yen waspodo mesti eling Sing waspodo hiyo rosone Yoiku roso sajati Tukang ngrasakno kajaten Olehe ngrasakno hiyo tanpo pegat Nunggale budhi lan roso Kaaran waspodoe eling Ning janaloka, diri mowo angen angen lan engetan Ning endraloka, diri mowo cipto ripto Ning guruloka, diri mowo budhi triloka arane, jagad gedene kabeh diri Dene kang ono ning kajaten Amung ingsun Diri wus lebur sirno Hiyo...

Poncodriyo Klawan Arcopodo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI PONCOINDRIYO KLAWAN ARCOPODO Iku limang pangroso .pandulu .pangrungu .pangambu .pangecap .pangroso awak Tanpo ono kalimoe, arcopodo iki ora ono Onoe arcopodo iki hiyo soko onoe kalimo mau Iku dununge sing dirasakno..sing digae ngrasakno..lan sing ngrasakno.. Gelare arcopodo : .rerupan lan wewarnan .sworo .gegandhan .legi, kecut, pait, asin, sepet isp .gatel, keri, alus, kasab, adem, panas Onoe rerupan iku soko onoe pandulu, lan sirnoe rerupan iku soko sirnoe pandulu, mung ono lan sirnoe iku bareng. Sworo.gegandhan.legi kecut.adem panas hiyo mangkono, sing ono soko onoe poncoindro Kalimo limoe ikuloh sg anggelar onoe arcopodo.. Arcopodo iku jagad gedene poncodriyo Poncodriyo iku jagad cilik Poncodriyo iku arane roso wadag..poncodriyo diwengku angen angen..yo angen angen iku sing dadi ratune poncodriyo.. Yo ning kunu njur diri muni, arcopodo iki pancen ono.. Mangkene ; Roso wadag+angen angen+diri = wong bongso donya Gelare ; Arcopodo iku jagad gede, ateges ...

Limang Roso

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI PONCOINDRIYO KLAWAN ARCOPODO Iku limang pangroso .pandulu. .pangrungu. .pangambu. .pangecap. .pangroso awak. Tanpo ono kalimoe, arcopodo iki ora ono Onoe arcopodo iki hiyo soko onoe kalimo mau Iku dununge sing dirasakno..sing digae ngrasakno..lan sing ngrasakno.. Gelare arcopodo : .Rerupan lan wewarnan. .sworo. .gegandhan. .legi, kecut, pait, asin, sepet isp. .gatel, keri, alus, kasab, adem, panas. Onoe rerupan iku soko onoe pandulu, lan sirnoe rerupan iku soko sirnoe pandulu, mung ono lan sirnoe iku bareng. Sworo.gegandhan.legi kecut.adem panas hiyo mangkono, sing ono soko onoe poncoindro Kalimo limoe ikuloh sg anggelar onoe arcopodo.. Arcopodo iku jagad gedene poncodriyo Poncodriyo iku jagad cilik Poncodriyo iku arane roso wadag.. poncodriyo diwengku angen angen..yo angen angen iku sing dadi ratune poncodriyo.. Yo ning kunu njur diri muni, arcopodo iki pancen ono.. Mangkene ; Roso wadag+angen angen+diri = wong bongso donya Gelare ; Arcopodo iku jagad ...

Serat Jiwo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SERAT JIWO Pasinaoning urip lumakuning njobo njero Olehe ngawasi niteni pangroso Ono sing dirasakno sing digawe ngrasakno sing ngrasakno Obah mosike sing dirasakno iku opo Owahe sing digawe ngrasakno iku endi Weweko marang saliring obahe njobo njero Niti sing ngrasakno iku sopo Dadio waskito ing gelar uripe dewe Asale ono bali ono asal ora ono bali ora ono Ameruhi endi sangkan endi parane Andeleng gelare kahanan Antetepi gelare sebab dumadine Awit ingkang katon lan ora katon Terang ing bedo klawan jatine. Anane sing dadi dumadi lan kedadiane NJOBO KLAWAN NJERO Luputing rumongso anggowo susah piloro luputing panganggep ing sangkan piguno dunyobrono iku digunakno gawe anyukupi butuhe rogo koyo mangan ngombe papan sandangan lupute yen digawe nyukupi kabutuhan njero dene dunyobrono ora biso anyukupi njero koyo kamulyan kakuwasaan pangkat jabatan amergo luput amesti tompo pasiksane amung biso kanggo nyukupi butuhing njobo anggiring ing pungkasaning pasiksan ar...

Mbabar Jati Dhiri

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI WEDARANING DHIRI ANGGAYUH PRIBADI MANUNGSO KANG SAJATI DUMUNUNG ING KASAMPURNAN SAMPURNO SANTOSA ING SALIRING MONGSO HAYU RAHAYU RAHARJANING JAGAD Ki Semar Ngejowantah DOWNLOAD PDF LINK Rahayu , Sagung Dumadhi

Jowo Jiwoku

KAWERUH JOWO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Rerupan ireng ngebeki arcopodo rerupan biru ngebeki samudro tuwin angkoso ijo ijoan ngebeki bawono kaweruh jowo kang sakawit soko bongso jawoto hiyo bongsone manungso jowo kagelar ing mongso ewonan taon kepungkur awit sing diarani ebles, setan, moloekat, bethoro, dewo, gusti, pengeran, hyang iku kabeh durung ono kasebut ing bumi jowo. ' Ibu bumi bopo angkoso ' Sekabehe ingkang tumitah , sekabehane ingkang dumadi, sekabehe poro sujalmo iku sedulur siro. ono dulur amargo ono sesambungan ono pepadhan hiyo sapodo-podo ; ingkang tumitah bebadan suksmo dene ingkang dumadi anggowo suksmo ugo, ingkang dumadi anggowo jiwo dene poro sujalmo bebadan jiwo. mulo kabeh hiyo seduluran, sedulur sapodo-podone ngaurip sesambungane poro dulur kui kaaran pesederekan. Ono sedulur tunggal panunggal ono sedulur tunggal mongso kelairan ono sedulur tunggal ibu ono sedulur tunggal rogo, tunggal karso, tunggal cipto lan roso. kabeh mau kaaran 'kaweruh ing p...