GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI JANGKEPE KAENDRAN "Bethoro-Lelembut-Dedhemit-Memedhi-Peri Prayangan-Bongso sarpo-Brekasaan-Siluman" Kaendran ateges jejagading bongso alus, yoiku endraloka bongso alus kang wus sampurno kaaran bethoro bongso bethoro iku sing kuoso marang kaendran wong kaendran, hiyo bongso endraloka iku jalmo dudu dumadi dene bongso dumadi iku ngenggoni arcopodo (janaloka) Bongso bethoro iku bedo karo bongso lelembut dene bongso lelembut iku wong kaendran sing ngudi kasampurnan koyo sing kaaran gandaruwo, iku sawijining bongso lelembut ugo sing diarani mustikaning jagad iku hiyo lelembut bongso lelembut iku wus ora dhemen tetulung marang kabeh dumadi ugo ora dhemen nggudo bongso dumadi bongso lelembut iku mung ngupoyo dhirine nuju kasampurnan ateges sampurnaning wong kaendran Bongso lelembut bedo karo bongso dedhemit dedhemit iku biso srawungan karo manungso hiyo dhemen lan gelem tetulung marang manungso dedhemit keh kehane ono ing pegunungan utowo alas Bongso d...
Javanese Spirituality