JANGKEPE DOYO LAN KAKUWATAN GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Uwiting urip Hiyo ateges wite sakehing wiji Dadi sangkane kabeh isi Doyo iku akeh banget macem jinise awit sing kasar nganti sing alus alus mung sarupane kabeh doyo iku ono rong werno yoiku obah lan meneng Adem panas padhang petheng iku patang doyo bawono kawengku dening gether gether iku hiyo doyo, yoiku doyo sing mahanani gegathukane kabeh kahanan Lemah geni udara banyu iku patang unsur bawono kawengku dening howo howo iku hiyo doyo, yoiku doyo sing mahanani santosane kabeh kahanan Kabeh urip iku urup, urupe urip ateges doyone urip mulane ono tembung urip iku urup amergo pati iku tanpo urup urupno uripmu ateges kuwatno doyone uripmu (nyowo) Kabeh isen isen kabeh sing ono iku sejatine klumpukaning sapirang pirang doyo awit lemah, watu, kayu, banyu iku amung doyo doyo sing nglumpuk nunggal larase Ora ono rerupan tanpo doyo ora ono sworo, gondho kang tanpo doyo iku kabeh mung gether urip hiyo gether urip sing ngenani poncodriyo ...
Javanese Spirituality