Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Doyo Lan Kakuwatan

Doyo Lan Kakuwatan

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SINAU KANG ARAN DOYO Doyo lan kakuwatan kakuwatan iku uruping doyo, ora ono kakuwatan tanpo doyo mung anane doyo ora mesti bareng anane kakuwatan larasing doyo kalumpukake sangsaya mundhak gedhe sing alus tuwin sing kasar mung kacek piguno bebayane tlaten olehe golek golek anisihake alus kasare prayogane kerep niteni ing saben dino lumakune olah doyo ora katon lumantara ketoro awit doyo soko njero kang katon ing njobo ugo doyo soko njobo kang katon ing njero ora ono bleger rupo tanpo ananing doyo ora ono obah obahan tanpo ananing doyo hiyo ora ono mongso tanpo doyo sing ono njobo iku gether urip arane sing ono njero iku uruping urip arane doyo tunggal sangkane, dadi sapirang pirang parane DOYO KASAR LAN DOYO ALUS Wong mlaku wong lunggu wong meneng iku kabeh ngempakno doyo sabendino saben jam saben menit sadetik detike manungso iku ora pegat pegat ngempakno doyo ono sing ngempakake doyo kasar ono sing ngempakake doyo alus ono sing kulino ngempakno doyoning...