Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Doyo

Sambunge Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI ::::::::::::::::::::: SAMBUNGE LAKUNE WONG JOWO ---------- MANEKUNG Ngolah doyo ing saknjeroning rogo Ngolah unsure bawono ing njerone rogo Lemah banyu udara geni Petheng adem padhang panas Menenge rogo kagowo angolah doyo Klawan cipto makartining sukmo Yoiku manekung kang ateges nggembleng Hiyo musatno cipto ing sawijine unsuring rogo Manekung iku pepdhane meditasi Cokroning banyu mubeng ing njerone rogo Cokroning angin mubeng ing njerone rogo Wiwit manekung ing lemah  Manekung ing banyu Manekung ing udara Manekung ing geni Doyo petheng sesambungane unsur lemah Doyo padhang sesambungane unsur udara Doyo adem sesambungane unsur banyu Doyo panas sesambungane unsur geni PANEKUNGAN Manekung iku sangkane kawisesan Ateges panguwasaan Yoiku anguwasai rogone dewe Awit nguwasai unsur lemah nganti unsur genie rogo WADAG NJOBO Wulu..kulit..getih..otot..daging..balung..sum sum WADAG NJERO Ginjel..lambung..usus..ati..limpah..jantung..paru paru WADAG ALUS Jinem..s...

Jangkepe Jogo Rogo

JANGKEPE JOGO ROGO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Mbuwang wedi nukulno wani tegese wani iku tatag ngadepi tanpo ono getir kuwatir tanpo ono getun ing mburi ambuwang was sumelang soko diri hiyo iku lawangane piyandel ing diri tatag teteg mulo banjur teguh diri ora perlu wedi wedi mulat sariro hangroso wani. ROGO ENOM LAN ROGO TUWO Wiwit rogo iku salin rupo saben pitung taon sepisan ateges ganti rupane ono rupo enom rupo tuwo ono awak enom awak tuwo (rogo) ono umur enom umur tuwo katelune iku bedo ing padunungane, ojo disengguh asin podo uyahe kedadiane : ono rogo enom - umur enom - rupo enom ono rogo enom - umur tuwo - rupo tuwo ono rogo enom - umur enom - rupo tuwo ono rogo enom - umur tuwo - rupo enom Dene rogo enom iku awake luwih kuwat ateges ora gampang keno leloro hiyo cepet warase, naliko awake catu (kebacok/keno paku isp ; luka) rogo enom iku ora ringkih poncodriyone rogo enom iku dununge doyo kakuwatane awak rogo enom iku dudu umur enom dudu rupo enom rogo enom iku ateges rogo ...

Jangkepe Cupumanik Hastogino

JANGKEPE CUPU MANIK HASTOGINO Rogo ingkang kasinungan dayane suksmo balutane rogo slendange suksmo suksmo kawetu ambuntel rogo soyo lawas sangsoyo sampurno ngrogo suksmo iku suksmone ngenggoni rogo hiyo suksmo dadi pambuntele rogo ngrogo suksmo  iku dudu suksmo metu soko rogo banjur kluyuran mrono mrono Cupumanik Hastogino CUPUMANIK iku WADAH ARUPO CAHYO HASTOGINO iku DUWE WOLUNG PIGUNO sing lumrae disebut ; cupumanik astagina yoiku : Tanpo kademen tanpo kepanasen Tanpo pegel tanpo loro Tanpo bungah tanpo susah Tanpo luwe tanpo turu Ingkang Wus Tanpo Kademen Ateges rogone ora kademen nalikane keno doyo adem hiyo rogo sing wus kuwat nompo gethering adem tanpo kademen iku rogone wus biso betah adem awit ademing banyu ugo angin ateges rogo kuwat nyonggo kaademaning doyo bawono tanpo kademen iku dudu ora keno adem utowo ora kroso adem nanging kuwat lan betah marang adem Ingkang Wus Tanpo Kepanasen ateges rogo kang kuwat nyonggo doyo panasing bawono mulo wus tanpo kepanasen iku rogo sin...

Jangkepe Doyo Lan Kakuwatan

JANGKEPE DOYO LAN KAKUWATAN GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Uwiting urip Hiyo ateges wite sakehing wiji Dadi sangkane kabeh isi Doyo iku akeh banget macem jinise awit sing kasar nganti sing alus alus mung sarupane kabeh doyo iku ono rong werno yoiku obah lan meneng Adem panas padhang petheng iku patang doyo bawono kawengku dening gether gether iku hiyo doyo, yoiku doyo sing mahanani gegathukane kabeh kahanan Lemah geni udara banyu iku patang unsur bawono kawengku dening howo howo iku hiyo doyo, yoiku doyo sing mahanani santosane kabeh kahanan Kabeh urip iku urup, urupe urip ateges doyone urip mulane ono tembung urip iku urup amergo pati iku tanpo urup urupno uripmu ateges kuwatno doyone uripmu (nyowo) Kabeh isen isen kabeh sing ono iku sejatine klumpukaning sapirang pirang doyo awit lemah, watu, kayu, banyu iku amung doyo doyo sing nglumpuk nunggal larase Ora ono rerupan tanpo doyo ora ono sworo, gondho kang tanpo doyo iku kabeh mung gether urip hiyo gether urip sing ngenani poncodriyo ...

Doyo Lan Kakuwatan

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SINAU KANG ARAN DOYO Doyo lan kakuwatan kakuwatan iku uruping doyo, ora ono kakuwatan tanpo doyo mung anane doyo ora mesti bareng anane kakuwatan larasing doyo kalumpukake sangsaya mundhak gedhe sing alus tuwin sing kasar mung kacek piguno bebayane tlaten olehe golek golek anisihake alus kasare prayogane kerep niteni ing saben dino lumakune olah doyo ora katon lumantara ketoro awit doyo soko njero kang katon ing njobo ugo doyo soko njobo kang katon ing njero ora ono bleger rupo tanpo ananing doyo ora ono obah obahan tanpo ananing doyo hiyo ora ono mongso tanpo doyo sing ono njobo iku gether urip arane sing ono njero iku uruping urip arane doyo tunggal sangkane, dadi sapirang pirang parane DOYO KASAR LAN DOYO ALUS Wong mlaku wong lunggu wong meneng iku kabeh ngempakno doyo sabendino saben jam saben menit sadetik detike manungso iku ora pegat pegat ngempakno doyo ono sing ngempakake doyo kasar ono sing ngempakake doyo alus ono sing kulino ngempakno doyoning...